Nguri-uri jajanan tradisional klepon kanthi menehi sentuhan kekinian



Jajanan tradisional minangka salah siji warisan budhaya bangsa sing ono rasa, sejarah, lan makna kebersamaan. Nanging ing jaman modern saiki, jajanan kekinian luwih akeh dipun senengi, utamane dening para cah enom. Kondisi iku nggawe jajanan tradisional setitik ditemui saking pasar lan lali ing atine masyarakat. Saking niku kudune awakdewe mboten lali  budhaya leluhur kang apik lan ana nilai kebersamaan

Salah siji cara kangge  ngelestariake jajanan tradisional yaiku kanthi maringi sentuhan kekinian. Contonipun, klepon saged diubah kanthi bentuk luwih kreatif, warna-warni sing narik perhatian, nanging rasa lan inti budaya tetep dijaga. Klepon saged dipun inovasi nganggo isi kang modern, koyok coklat, keju, utawi buah,
para mudha demen nyicipi tanpa nilar akar tradisine.
Para mudha saged kreatif lan pinter ing dalem mengolah klepon dadi jajan kekinian sing anyar

Inovasi punika boten namung njaga eksistensi jajanan tradisional, nanging yo maringi nilai tambah ekonomi kanggo para pedagang lokal. Jajanan tradisional kanthi sentuhan kekinian saged ndueni rega luwih kompetitif lan dipun pasarke ngliwati media sosial, media sosial saged dipun gunaake damel dodolan jajanan tradisional sing wis di ubah sekedik. Iki buktine jajanan tradisional saged bersaing ing pasar global

Mula saking punika, kula ngajak para pamaos, utamane para mudha,gawe ora isin lan ora nganggep jadul marang jajanan tradisional. Kanthi cara kreatif lan inovatif, jajanan tradisional saged lestari, disenengi, lan tetep nglantaraken rasa bangga minangka bangsa sing sugih budaya. Para mudha yo saged ndamel utowo mbuka usaha kang apik kanggo ngelestariake jajanan tradisional kang kekinia.

Comments

  1. Ing paragraf 1 ana rakitan ukara kang durung ttep "setitik ditemui saking pasar lan lali ing atine masyarakat". Kajaba iku, isih ana tembung-tembung basa krama kang ora pas panganggone. Mula luwih becik gunakna basa ngoko lugu wae rapopo. Coba direvisi maneh Mas Akmal ben penak diwaca nggih. Nanging kanggo pemula.. tulisan kasebut wis apik.. Keren..

    ReplyDelete
    Replies
    1. Enggeh bu siap, matur nuwun koreksi saking bu siti 🙏🙏

      Delete
  2. Yok nopo carane pembuatan jajanan klepon niku mas Akmal?

    ReplyDelete
    Replies
    1. Proses nggawe Klepon.
      Klepon punika jajanan tradisional. Carane yaiku, glepung ketan dipuncampur kaliyan sari godhong suji, lajeng dipunbentuk bunder isi gula jawa. Mantun iku, klepon dipunrebus dumugi ngambang, lan pungkasan dipun-gulingaken ing parutan klapa supados langkung nikmat.

      Delete
  3. Replies
    1. - tepung ketan
      - tepung beras
      - parutan klopo enom
      - gula jawa
      - santen utowo banyu pandan
      - sejumput uya

      Delete

Post a Comment